Fokus NewsRegionalPesta Adat Nadran Glayem Rameh

Pesta Adat Nadran Glayem Rameh

DERMAYU,(Fokuspantura.com),- Adat wong nelayan sing biasa dikenal peninggalan wong tua bengen yaiku Nadran, ning muara laut Glayem, Desa Juntinyuat, Kecamatan Juntinyuat Kabupaten Indramayu, taun kien 2017, luwih rameh ketimbang taun sedurunge, apamaning acara intie sing pada kaya acara Nadran ning tempat sejene yaiku pelarungan miniatur prahu sing isie endas kebo atawa istilah adate meron dirameaken ribuan nelayan. Meron iki di arak sing umah ketua KUD meng tempat lelang iwak. Setelah ning TPI, Meron didongani kelawan ritual ruat laut ning dalang wayang lan ketua KUD.

“Ritual penting acara Nadran yaiku syukuran lan donga, sewise pragat donga Meron di larung meng tengah laut.”jare Ketua Panitia, Dedi Aryanto ngomong ning “FP”, Rebo(3/5/2017)

Jare Dedi, pesta Nadran taun kien akeh kegiatan hiburan lan tanggapan, ana pertandingan seduluran balbalan, hiburan Sandiwara rong dina rong bengi, organ tunggal, singa depok lan pagelaran wayang kulit sing Gegesik Cerbon. Bahkan, waktu ritual pelarungan Meron meng tengah laut dikawal petugas Kapal Patroli sing Polair, TNI AL lan KPLP (Syahbandar) Dermayu.

nadran

Sing dipengeni Dedi, kelawan lestariaken peninggalan budaya wong bengen, para sedulur nelayan Juntinyuat lan sekitare oli keberkahan lan keselamatan sing gusti Allah SWT, bahkan dugawean adat Nadran taun kien, panitia ngupai hadiah kanggo nelayan sing produktif sewaktu ning pelelaangan iwak PPI glayem paling duwur.

“Sengaja ngupai hadiah kanggo penyemangat wong nelayan supaya bisa giat luruh iwak, lan manfaate langkung katah, termasuk kangge ningkataken PAD Pemda Dermayu,” tuture Sekretaris KPL Sri Mina Sari Juntinyuat niki.

Omongan jare nelayan, Supardi(55) ngrasa bangga ning acara Nadran taun kien, sebab panitia bisa nggawa anggota Koperasi bebarengan ngadakna acara kelawan urunan bareng-bareng, mugia kegiatan Nadran iki akeh manfaate kanggo kabeh nelayan Juntinyuat.

“Acara Nadranan memang setiap taun dilaksanakna, tapi taun kien acarae luwih rameh,”pituture.

 

ads

Baca Juga
Related

Kalangan Nahdliyin dan PKB Dukung Dewa Dampingi Kamil

INDRAMAYU,(Fokuspantura.com),-  Mantan Ketua Dewan Pengurus Wilayah (DPW) Partai Kebangkitan Bangsa...

Ruang Kelas SDN 3 Sukagumiwang Ambruk

INDRAMAYU,(Fokuspantura.com),- Akibat intensitas dan curah hujan tinggi, menyebabkan satu ruang...

Tim Kerja Anggi Noviah Sosialisasikan Capres Ganjar Pranowo

INDRAMAYU,(Fokuspantura.com),- Momentum lebaran Idul Fitri 1444 Hijriyah, dimaksimalkan untuk...

Forum BUMDes Indramayu Soal Program BPNT

LOHBENER, (Fokuspantura.com),- Ketua Forum Bumdes Indramayu, Taripan, menyoal program...
- Advertisement -

FokusUpdate

Popular

Mau copas berita, silahkan izin dulu
Mau copas berita, silahkan izin dulu