Fokus NewsFokus PanturaNerapna PSBB, Gugus Tugas Dermayu Nyekat Dalan Kota

Nerapna PSBB, Gugus Tugas Dermayu Nyekat Dalan Kota

DERMAYU,(Fokuspantura.com),- Gugus Tugas Covid-19, Kabupaten Dermayu, wis mulai lakuaken aturan PSBB kanggo rayat supaya aja seenake lelungaan. Diantarane ana dalan sing di palang kanggo wong lewat yaiku dalan Jendral Sudirman( arepan Toserba Yogja) lan dalan DI Panjaitan (lampu merah Waiki) Awit jam 15.30 sampe jam 17.30 wib, Dina Sabtu,(9/5/2020).
 
Tujuane apa, yaiku kanggo ngurangi lelungaan wong dermayu biasa luruh sore waktu ulan puasa, ontong pada lelungaan kaya anjuran Bopati wis ning umah bae.
 
Jare Asisten Ekonomi Pembangunan lan Kesejahteraan Rakyat (Asda II) sing dadi Kordinator Bidang Logistik Penyiapan Potensi Sumber Daya Daerah Gugus Tugas Percepatan Penanganan Covid-19, Maman Kostaman ngomongaken, nyekati dalan kuen, kanggo ngurangi lelungaan wong dermayu minimal 30 persen. Apamaning, rong dalan kuen saban sore ulan puasa rameh pisan. 
 
“Selama PSBB sekien, warga sing lewat dalan loro kien dibatasi, toli dievaluasi setiap dina anae aturan kien,” jare Maman.
 
Sejene nyekat dalan, Gugus Tugas arep nerapna aturan PSBB, kaya dene sing wis diatur ning Peraturan Bupati Indramayu Nomor 29 Tahun 2020 tentang Pedoman PSBB yaiku, nutup usaha sing masih buka padahal dudu usaha sing dioliaken.
 
Nerapna aturan PSBB mengko bakal di lakuaken ning petugas ning wilayah dalam Yos Sudarso (Karangturi), Jalan Ahmad Yani (Mambo), Jalan Letjend. Suprapto, Jalan DI. Panjaitan, Jalan Jend. Sudirman, dan Jalan Ir. Djuanda (Singaraja),  sasarane  yaiku toko-toko sing masih buka lan PKL panganan sing nyiapna tempat dodok kanggo wong tuku.
 
“Kula nutup usaha sing masih buka padahal usaha kuen blolih jare aturan Bopati kaitane PSBB,” uluk Maman.
 
Malah jare, Wakile Danres Dermayu, Kompol Nanang Suhendar, sing deleng langsung ning  acara penyekatan dalan ngomonge, aturan sing wis dijalanaken kitane PSBB arep terus diterapna jeh sampe tanggal 19 Mei mengko. Deweke dueni kepengenan, rayat Dermayu bisa taat lan patuh ning aturan PSBB Dermayu. 
 
Kasdim 0616 Indramayu, Mayor Inf Rukhiyat, ngomonge, nyekat dalan lan nerapna PSBB iku, supaya wong Dermayu luwih disiplin terutama matuhi aturan PSBB.
 
“Mangga sami – sami disiplin, saking awak kiyampek krihin, supadosa dadosaken disiplin sekabehane lan supaya Pandemi niki kula cegah sareng – sareng,” wiraose Kasdim.
ads

Baca Juga
Related

Polisi Berhasil Amankan Pengedar Sabu

INDRAMAYU,(Fokuspantura.com),- Jajaran Satnarkoba Polres Indramayu berhasil meringkus FRA(24) warga...

Warga Sindang Tolak Pembangunan Relokasi PKL

SINDANG,(Fokuspantura.com),- Forum Masyarakat Sindang (Formasi) menolak rencana pembangunan kios...

Satu Perampok Toko Emas Delima Haurgeulis Tewas Ditembak

BANDUNG,(Fokuspantura.com),- Anggota Sat Dir Reskrimum Polda Jabar berhasil menembak...

Warga Tegal Sambut Positif Sertifikat Prona

SLAWI, (Fokuspantura.com),- Proyek Operasi Nasional Agraria (Prona) yang dicanangkan...
- Advertisement -

FokusUpdate

Popular

Mau copas berita, silahkan izin dulu
Mau copas berita, silahkan izin dulu