Fokus NewsRegionalGambar Nganggo Driji Diminati

Gambar Nganggo Driji Diminati

DERMAYU,(Fokuspantura.com),- Ngegambar atawa gawe lukisan beli nganggo kowas mung nganggo driji sepuluh mulai diminati ning masyarakat Kabupaten Indramayu. Kecatet sawetara (beberapa) lomba gambar nganggo driji (finger painting) sing ana ning Indramayu. Salah sawijine lomba finger painting sing dianakaken Ikatan Guru Taman Kanak-kanak Indonesia (IGTKI) – Persatuan Guru Republik Indonesia (PGRI), Septu (13/5/2017), ning TK Ai’syiah Indramayu.

Lomba sing pesertane guru-guru ngewakili TK se-Kabupaten Indramayu diselenggarakaken nganggo pepeling dina dadine atawa HUT IGTKI-PGRI kaping 67 taun. Miturut salah sawiji pelukis senior sing uga dadi juri tunggal lomba kuwen, Adung Abdul Gani, nuturaken, teknik ngelukis nganggo driji ana baguse dingerteni ning guru-guru TK.

Sebab, jare Adung sing uga manten Ketua Dewan Kesenian Indramayu, kelawan perantarane guru TK seni ngegambar nganggo driji alias finger painting cocok pisan dikenalaken ning bocah-bocah TK atawa usia dini. Dolanan iki bisa ngelatih gerakan (motorik) lan kebisaan (kreatifitas) si bocah. “Laka teknik khusus sing dibutuhaken, cukup go driji bae.”, cemplong Adung. Ditambahaken, bocah-bocah TK pasti seneng dolanan werna-werna gambar nganggo driji.

Nyatane lumayan akeh lukisane guru-guru TK sing melu lomba iki sing gawe juri ketarik lan kepanjing bagus. Nanging mung dimet sepuluh sing dianggepe paling bagus. Sawetara sepuluh iku toli direngreng awit juara siji, loro, telu sampe juara harapan-1, harapan-2 lan harapan-3. (Fujail Ayad Syabana)

ads

Baca Juga
Related

Optimis Partai Golkar Ungguli Tiga Agenda Politik 2024

INDRAMAYU,(Fokuspantura.com),- Ketua Umum DPD Partai Golkar Provinsi Jawa Barat,...

Jelang Pergantian Tahun, 23 Juta Petasan Digerebek Polisi

INDRAMAYU,(Fokusoantura.com),- Jajaran Kepolisian Resor Indramayu, Jawa Barat, berhasil menyita...

Empat Tokoh Inspiratif PWI Indramayu Award 2020

  H.Taufik Hidayat, SH (Pelaksana Tugas Bupati Indramayu 2019-2020)    Kategori...

PG Rajawali II Serahkan 46 Hewan Qurban

INDRAMAYU,(Fokuspantura.com),- Generak Manajer PG Rajawali II Adang Sukendar Day...
- Advertisement -

FokusUpdate

Popular

Mau copas berita, silahkan izin dulu
Mau copas berita, silahkan izin dulu